Candrane wadah lan olahan;
TUMPENG ; nek metu dikupeng bareng-bareng.
( Panjang Punjung Pasir Wukir ) Panjango pocapane, Punjungo karibawane
Pasir - samudro, Wukir – gunung; bebasan kalingono samudro ugo ketutupan
gunung nek wis titi wancine dinane iki Made mesti suminar,
ANCIAK ; teka tembunge dulur cino (ciak maknane mangan) wadahe panganan.
TAMPAH ; tampanono opo anane ojo kakehan polah.
LENGSER ; lengsero yuswane nanging ojo nganti lengser imane, kadhang wonten tiyang
niku dupeh dhite akeh lali marang gustine.
MANGKOK ; samubarang iku yen mamang kudu takok, nek boten purun takok uripe bakal
kesasar dulur.
RANTANG ; yen kesaran ojo utang, slametan ngono gak digawe ungal-ungalan tapi soko
eklase ati.
KOBOKAN ; tembunge wong arab (qob’ maknane leren) lereno sadurunge wareg nek
diombeni ben gak kuwaregen.
TOYA WENING ; wening ing ati meneb ing kalbu.
RON/GODHONG ; ngayahi gaweyan yen gak karon karo bolo gak bakalan dhong.
URAP – URAP ; urap, urup, urip, sopo wae kang gelem urap karo tonggone mesti biso
urup kawruhe, nek iku wis kelakon bakal urip pikirane (ora dadi wong
pengku).
KERAWUH ; kerawuhan penjenengan kabeh mugo tansah ndadekno panjang yuswo.
BANDENG ; Sageto mandeng marang kang nandang popo cintroko.
TEMPE ; sarate kudu sampe.
TAHU ; tansah mituhu, nopo sing didawuhaken poro pinter lan poro winasis.
MIE ; Gemi nastiti lan ngati-ati supoyo cukup sing disandhang lan dipangan.
BALI ; balio marang ajarane gusti sing digowo dening rosul.
RAWON ; ojo ngerah barang sing awon.
INGKUNG ; kunjuk ingkang moho linangkung ( gusti sing moho suci ).
digawe saka ayam; hayu, hayem, hangayomi.
SAKSI/SANGU - disakseni poro nabi lan poro wali,
- disakseni bumi lan srengenge,
- disakseni banyu lan kayu,
- disakseni dinten pitu pekenan gangsal.
Sangune menceb-menceb, isine dungo selamet:
@ slameto kabeh tindak lan ucape,
@ slameto kabeh anak lan bojone,
@ slameto kabeh warga lan pimpinane,
@ slameto kabeh dunyo branane,
@ slameto kabeh imane,
@ slameto bumi sak isine sing dipanciki rino klawan wengi.
Adoh belahine cedhak rejekine,
Ing pangajab: Tentremo Desane - Makmuro Rakyate.
Candrane Jajan lan Woh-wohan;
RENGGINANG ; Rerengganing wong urip nang alam padhang.
TAPE ; Tansah nggape kabeh sing dadi pituture wong tuwo.
KUCUR ; Kacar-kucur rizki paringane kang moho suci ayo padha disyukuri.
KETAN ; Ngraketno paseduluran ora ketang marang agama opo wae.
TETEL ;
LEMET ;
SEMONGKO ; mesam-mesem ojo sampek murko, kitoke njabane alus tapi njerone
kebrongot abang.
JERUK ; jerokno pamikirmu ben gak meri karo tonggo.
GEDHANG ; sageto dadi kadhang.
digeged sak marine madhang.
SALAK ; selakno anjangsono karo sapodho-podho mumpung sik urip.
NANAS ;